Ringgit Wacucal, Sonobudoyo: Wong Jawa Luntur Jawane


TUGAS FILSAFAT ILMU
Dosen pengampu: Prof. Dr. Marsigit, M.A
oleh: Fitria Restu Astuti

     Museum Sonobudoyo ingkang mapan wonten ing Jl. Trikora/Pangurakan No. 6, Yogyakarta mujudaken satunggalipun cagar budaya ing tlatah Ngayogyakarta. Wonten ing saben dinten Senin dumugi Sabtu, Museum Sonobudoyo ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal ing pendhapi museum. Lampah ingkang dipun gelar carios Ramayana. Surya kaping 14 September 2019, carios ingkang dipun gelar dening para punggawa ringgit wacucal Sonobudoyo inggih punika Prahastha Gugur.
     Carios menika kaperang dados kalih babak. Babak kapisan nyariosaken Keraton Pancawati tokohipun Prabu Rama, Laksmana, Anila kalian Wibisana. Prabu Rama ingkang dipun adep tetunggulipun prajurit mratelakaken bilih perang kalian Alengka mboten saged dipun indari. Pramila, prelu dipun siapaken prajurit sak gegamanipun kangge ngelurug perang dating Alengka. Wibisana, rayinipun Rahwana ingkang sampun dados tetunggulipun senopati perang Keraton Pancawati, mratelakaken bilih nelukaken Alengka mboten saged dipun damel enteng. Ananging, kangge ngirangi kekiatanipun Alengka, piyambakipun caos pamrayoga supados Prabu Rama ngrebat Pedang Mentawa ingkang sekti, ingkang dados tuk ing kekiatanipun Rahawana. Prabu Rama nyarujuki pamanggihipun Wibisana, lajeng paring dhawuh dhumating Anila, rewanda ingkang wulunipun biru, supados dhateng Alengka nindakaken dhawuh.
     Babak kaping kalih nyariosaken wonten ing Alengka. Tokohipun Prahastha, Rahwana kalian Anila. Patih Prahastha dipun paring dhawuh saking Rahwana, prunanipun, supados njagi pusaka ingkang dipun pitados nggadahi kasekten tumrap Kraton Alengka, antawisipun Sekar Dewaretna kalian Pedang Mentawa. Pusaka-pusaka kala wau dipun titipaken wonten ing dalem kepatihan, amargi Rahwana nggadahi panggrahita bilih Alengka sampun mboten aman malih sasampunipun dipun dumugeni utusanipun Prabu Rama. Anila ingkang mangertosi siasatipun Rahwana kasebat, lajeng nyusup wonten ing dalem kepatihan. Patih Prahastha kasirep saklebetipun njagi Pedang Mentawa., sahingga Anila saged mendhet kanthi gampil. Prahastha lajeng wungu saha mangertosi Anila mbekta pedang kasebat, lajeng dados pancabakah/perang.


     Saklebetipun perang, Prahastha ngantos medal dumugi tapel wates Keraton Alengka. Wonten ing mriku, Anila kaseser amargi Patih Prahastha dumugi ngantos meh pejah. tujunipun, sak celakipun tapel wates wonten tugu sela, ingkang saged dipun ginakaken dados gegaman. Anila lajeng mbedol tugu sela kesebat saha dipun keprukaken wonten ing mustakanipun Patih Prahastha ngantos dumugi seda.
     Kala wau carios Prahastha gugur. Ingkang badhe dipun soroti sanes cariosipun, ananging babagan parapamirsanipun kalian para paraga ingkang ngayahi pagelaran. Ingkang mirsani ringgit wacucal wonten ing pendhapi Sonobudaya kathah-kathahipun tiyang mancanegari. Tiyang Indonesia mliginipun tiyang Jawi awis awis ketingal wonten ing mriku. Lajeng para paraga ingkang ngayahi pagelaran umpaminipun dhalang, sinden dumugi niaga sampun sami sepuh. Ingkang dados pitaken, menapa tiyang jawi sampun luntur jawinipun? Punapa sebabipun para mudha kados sampun kesupen kalian budaya ingkang dipunwarisaken para leluhur. Kamangka budaya punika ngucalaken bab panggesangan supados gesang saged tumata. Awit saking menika, tiyang Jawi mliginipun para kadang mudha dipun dama-dama saged nguri-uri budaya Jawi supados mboten ical.

Comments

Popular posts from this blog

FILSAFAT PENDIDIKAN MATEMATIKA: Identifikasi Persoalan Filosofis Pembelajaran Matematika di Sekolah

FILSAFAT PENDIDIKAN MATEMATIKA: Penjelasan Filosofis terhadap beberapa Objek Matematika di Sekolah